DINA PENDIDIKAN NASIONAL

12 Mei 2023 0 komentar

DINA PENDIDIKAN NASIONAL

Kang dipengeti ing tanggal 2 Mei 2023

Dina Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati dirining bangsa yaiku dina pendidikan bisa nggambarke utawa ruh saka bangsa awake dewe, bangsa sing gedhe yaiku bangsa kang peduli marang pendidikan, lan pendidikan yaiku modal awal saka perkembangan bangsa. Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung dening tokoh Ki Hajar Dewantara, awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan Nasional ing pandangan Ki Hajar Dewantara.

“TANAH air kita meminta korban. Dari di sinilah kita, siap sedia memberi korban yang sesuci-sucinya… sungguh, korban dengan ragamu sendiri adalah korban yang paling ringan… memang awan tebal dan hitam menggantung di atas kita. Akan tetapi percayalah di baliknya masih ada matahari yang bersembunyi… kapan hujan turun dan udara menjadi bersih karenanya?”(Ki Hadjar Dewantara).

Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng asli R.M. Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar karo EFE Douwes Dekker, ngelola De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker — dijuluki ”Tiga Serangkai” — Deweke ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman Jepang, peran Ki Hadjar tetep menonjol. Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”,  mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.

Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing Ngarso Sun Tuladha, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya bisa dadi panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya. Ing Ngarso Sun Tuladha artine Ing ngarso kowe didepan , Sun saka tembung ingsun sing artine saya, Tuladha berarti patuladhan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin kudu bisa menika suri tauladan kanggo anak buahe. Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun berarti membangkitan atau menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah kesibukane kudu mampu mbangkitake semangat kerja bawahane. Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artine ngikuti saka mburi lan handayani artine menehi dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa menehi dorongan moral saka  mburi ben bawahane nduweni semangat kerja.

Kanggo ngenang jasa para pahlawan kang sampun kapundhut, mula Pengetan Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora isa dipisahke saka sosok Ki Hadjar Dewantara, tokoh kang jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Muga-muga awak dewe generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau/piyambake, lan isa ngamalke ajaran sing uwis di babarke dening Ki Hajar Dewantara. Ewodene nalika dadi guru bisa nglakoni apa makna kasebut(Amin)


Dening Sunarti, S.Pd.

Share this article :

Posting Komentar

 
Copyright © 2016. SMK NEGERI 1 WIROSARI - All Rights Reserved

Published By TIM TI SMK N 1 Wirosari | HD Wallpapers For Mobile

Proudly powered by Blogger