Seni Tradisi Wayang Minangka Tontonan lan Tuntunan

08 Januari 2023 0 komentar

Seni Tradisi Wayang Minangka Tontonan lan Tuntunan

Ana ing jaman teknologi informasi kang sansaya canggih akeh owah-owahan kang dumadi ana ing bebrayan (Masyarakat) . Salah sawijine ana ing aspek budaya dhaerah kang mujudake cikal bakal asset budaya nasional. Wis akeh tuladha budaya dhaerah nggunakake piranti-piranti (alat) modern kanggo nyengkuyung eksistensine (terkenal).

Sing dadi perkarane, ana ngendi lan tekan ngendi eksistensi budaya kuwi mau? Kasuyatan, menawa budaya lokal iku pancen menehi kontribusi kanggo budaya nasional saengga saged dadiake aruming bangsa Indonesia linuwih ing tlatah internasional. Awit saka kuwi, kabudayan lokal perlu banget dilestarikake lan digatekake. Sapa sing duwe kewajiban iku mau? Mesthine ora amung tugase pamarentah, ananging warga masyarakat kalebu para warga minangka generasi muda.

Salah sijining budaya lan kesenian kang bakal diwawas ana ing tulisan iki yaiku wayang. Jaman saiki akeh pawongan utamane kalangan para kaum generasi mudha sing durung ngerti pagelan wayang kang dadi tontonan lan tuntunan. Saiki pagelaran wayang asringe akeh sing nonton iku kalangan tua (kaum tua). Wayang uga bisa ditonton lumantar langsung ing panggonan pagelaran utawa bisa uga lumantar online tuladhane saged mirsani ing youtube.

Kanggone warga Masyarakat Jawa, seni wayang mujudake khas tradhisi kang luhung. Wayang (berasal dari Jawaꦮꦪꦁ, translit. wayanghar. 'bayangan') yaiku seni pertunjukan tradisional asli Indonesia lan ngrembaka ing Pulau Jawa dan Bali. Awit saking menika awal saking pegelaran wayang yaiku saking Prasasti Baling ing Abad ke 10 ing taun 908 M, Prasasti Balitung (Mantyasih) diciptaaken dene Raja Balitung saking Dinasti Sanjaya saka Kerajaan Medang Kuno. Piyambake ngendikan Si Galigi Mawayang kanggo Hyang Macarita Bimma Ya Kumara, yang artinya 'Galigi mengadakan pertunjukan wayang untuk dewa dengan mengambil kisah Bima Kumara'. Kadose fitur-fitur tertentu saged saking teater boneka tradisional ingkang sampun dangu. (Wikipedia).

Mpu Kanwa, pujangga istana Airlangga saking Kerajaan Kahuripan, nulis ing  tahun 1035M ing kakawin-nya Arjunawiwaha: santoṣâhĕlĕtan kĕlir sira sakêng sang hyang Jagatkāraṇa, yang artinya, "Ia tabah dan hanya layar wayang yang jauh dari ' Penggerak Dunia'." Kelir yaiku tembung kang bahasa Jawa kanggo layar wayang, syair kang fasih bandingke kauripan saben dinane (kehidupan nyata) kaliyan  pagelaran wayang ewodene Jagatkāraṇa (penggerak dunia) saking Syang Hyang Dumadi minangka dalang (guru wayang) namung layar tipis kang umpamane saking manungsa. Sinebat wayang minangka wayang kulit iki pagelaran kang wis kuncara (terkenal) ing Istana Airlangga ing Tanah Jawa . Menawa sadurunge prasasti kasebut sampun kadamel wayang utawa ringgit. Nalika agama Hindu mlebu ing Indonesia lan ngepaske kabudayan kang wis ana, seni kasebut kang efektif kanggo menyebarkan agama Hindu. Pagelaran kasebut asring disebut cerita Ramayana lan Mahabharata.(Wikipedia).

Jiniseng wayang kang dikenal warga Masyarakat ing antarane wayang kulit, wayang wong, wayang golek, wayang beber, uga wayang suket kang wiwit kondhang ana ing kabupaten Tegal. Nanging panaliten liya nyebutake yen wayang iku asale saka Negara India (Mahabharata-Ramayana). Kabeh mau duwe dhasar dhewe-dhewe sing baku minangka generasi mudha, kepriye carane amrih kesenian wayang kang wus dadi brand image budaya jawa bisa lestari lan bisa ngrembaka (berkembang).

Biyen, wayang ana ing Masyarakat Jawa dianggep kesenian kang mujudake prentah utawa pituduh saka dewa. Masyarakat ngawontenake pagelaran seni wayang minangka rasa Syukur marang Gusti kang akarya jagad. Umume pagelaran wayang digelar sawise mangsa panen, kaya dene (sedekah bumi), mantu, sunatan lan sapanunggalane. Tradhisi iku diwontenake kanthi turun temurun. Seni wayang saya ngrembaka manih sawise kepercayaan animisme lan dinamisme (hindu) mlebu ing tanah jawa. Saliyane minangka seni budaya lan sarana Syukur marang gusti, wayang ing jaman wali mujudake sarana nyebarake agama Islam. Ing wektu semana ing salah sijiniing wali yaiku Sunan Kalijaga ngupaya wiwit nyebarake agama Islam ana ing Tanah Jawa yaiku ing Kabupaten Demak. Salah sijining cara yaiku kanthi nggelar pentas wayang. Mula ora kaget yen saperangan Masyarakat Jawa duwe panemu yen tembung jimat kalimasada iku wiwitane saka tembang kalimah syahadat.

Para dhalang minangka sutradara kang nglakokake lakuning wayang nggunakake maneka cara supaya bisa narik kawigaten penonton. Saka sabetan, sulukan, sindhen, iringan gamelan, nganti alur critane. Saperangan dhalang iseh maton miturut crita pakem kang wis ana, nanging ing jaman modern uga akeh dhalang kang njumbuhake crita wayang manut kahanan kang lagi kadadeyan ing lingkungan Masyarakat utawa negara (konflik politik, suku, moral, lan sapanunggalane). Mesthi wae ancase (tujuan ) para dhalang mau yaiku saliyane gawe panglipur, uga sarana manehi nilai-nilai filosofis, tata urip kanggo sanguning urip bebrayan.

Sanajan kaya mengkono, kanyatane seni wayang isih adoh saka atining generasi mudha. Ing mangka generasi mudha iku mau kang kang bakal nerusake lakuning jaman, kalebu seni budaya Jawa. Generasi mudha saiki luwih apal kartun, dangdutan, apameneh jamane digitalisasi kayata tiktok,IG lan medsos liyane, luwih ngerti tokoh kasebut tinimbang ngerti tokoh wayang kayata Janaka, Gathotkaca lan liyane. Murid-murid saiki uga luwih seneng nonton pentas music kelompok band/konser, main game online lan sapanunggalane. Kamangka nalika mirsani / nonton saliyane oleh panglipur (tontonan), kanthi nonton pentas wayang manungsa, wayang kulit bisa oleh tuntunan kanggo pituduh lan pedhoman urip ing ngalam Donya. Saking menika kedah ana pakulinan utawa ditampilake ing sekolahan nalika pembelajaran nonton wayang supaya generasi mudha bisa kenal dan mangertine apa iku wayang kang dadi tontonan lan tuntunan.


Dening Sunarti, S.Pd.

Share this article :

Posting Komentar

 
Copyright © 2016. SMK NEGERI 1 WIROSARI - All Rights Reserved

Published By TIM TI SMK N 1 Wirosari | HD Wallpapers For Mobile

Proudly powered by Blogger